Powered By Blogger

Sabtu, 21 November 2009

syi,iran...


ALLAHUMMA SHALLI’ALA
MUHAMMAD SAFI’IL ANAM
WA’ALIHI WASAHBIHI
WASALLIM ’ALADDAWAM

Eling-eling sira manungsa
Temenana lehmu ngaji
Mumpung durung katekanan
Malaikat juru pati

Luwih susah luwih lara
Rasane wong nang naraka
Klabang kures kalajengking
Klabang geni ula geni

Rante geni gada geni
Cawisane wong kang dosa
Angas mring kang Maha Kwasa
Goroh nyolong main zina

Luwih beja luwih mulya
Rasane manggon suwarga
Mangan turu diladeni
Kasur babut edi peni

Cawisane wong kang bekti
Mring Allah kang Maha Suci
Sadat salat pasa ngaji
Kumpul-kumpul ra ngrasani

Omong jujur blaka suta
Niliki tangga kang lara
Nulungi kanca sangsara
Pada-pada tepa slira

Yen janji mesthi netepi
Yen utang kudu nyahuri
Layat mring kang kasripahan
Nglipur mring kang kasisahan

Awak-awak wangsulana
Pitakonku marang sira
Saka ngendi sira iku
Menyang endi tujuanmu

Mula coba wangsulana
Jawaben kalawan cetha
Aneng endi urip ira
Saiki sadina-dina
Kula gesang tanpa nyana
Kula mboten gadhah seja
Mung karsane kang Kuwasa
Gesang kula mung sa’derma

Gesang kula sapunika
Inggih wonten ngalam donya
Donya ngalam karameyan
Isine apus-apusan

Yen sampun dumugi mangsa
Nuli sowan kang Kuwasa
Siyang dalu sinten nyana
Jer manungsa mung sa’derma

Sowanmu mring Pangeranmu
Sapa kang dadi kancamu
Sarta apa gegawanmu
Kang nylametke mring awakmu

Kula sowan mring Pangeran
Kula ijen tanpa rewang
Tanpa sanak tanpa kadang
Banda kula katilaran

Yen manungsa sampun pejah
Uwal saking griya sawah
Najan nangis anak semah
Nanging kempal mboten wetah

Sanajan babanda-banda
Morine mung telung amba
Anak bojo mara tuwa
Yen wis ngurug banjur lunga

Yen urip tan kabeneran
Banda kang sapirang-pirang
Ditinggal dinggo rebutan
Anake padha kleleran

Yen sowan kang Maha Agung
Aja susah aja bingung
Janjine ridhone Allah
Udinen nganggo amalan

Ngamal soleh ra mung siji
Dasare waton ngabekti
Ndherek marang kanjeng nabi
Muhammad Rasul Illahi
Mbangun turut mring wong tuwa
Sarta becik karo tangga
Welasa sapadha-padha
Nulunga marang sing papa

Yen ngandika ngati-ati
Aja waton angger muni
Rakib ngatit sing nulisi
Gusti Allah sing ngadili

Karo putra sing permati
Kuwi gadhuhan sing edi
Aja wegah nggula wentah
Suk dadi ngamal jariyah

Banda donya golekana
Metu dalan sing prayoga
Yen antuk enggal tanjakna
Mring kang bener aja lena

Aja medhit aja blaba
Tengah-tengah kang mejana
Kanggo urip cukupana
Sing akherat ya perlokna

Aja dumeh sugih banda
Yen Pangeran paring lara
Banda akeh tanpa guna
Doktere mung ngreka daya

Mula mumpung sira sugih
Tanjakna ja wigah wigih
Darma ja ndadak ditagih
Tetulung ja pilah-pilih

Mumpung sira isih waras
Ngibadaha kanthi ikhlas
Yen lerara lagi teka
Sanakmu mung bisa ndonga

Mumpung sira isih gagah
Mempeng sengkut aja wegah
Muga sira yen wus pikun
Ora nlangsa ora getun

Mula kanca da elinga
Mung sapisan aneng donya
Uripmu sing ngati-ati
Yen wis mati ora bali
Gusti Allah wus nyawisi
Islam agama sejati
Tatanen kang anyukupi
Lahir batin amumpuni

Kitab Qur’an kang sampurna
Tindak nabi kang pratela
Sinaunen kang permana
Sing sregep lan aja ndleya

Dhuh Allah kang Maha Agung
Mugi paduka maringi
Pitedah lawan pitulung
Margi leres kang mungkasi

Nggih punika marginipun
Tetiyang jaman rumuhun
Ingkang sampun pinaringan
Pinten-pinten kanikmatan

Sanes marginipun tiyang
Ingkang sami dinukanan
Lan sanes margining tiyang
Kang kasasar kabingungan

Gesang kita datan lama
Amung sakedheping netra
Maena sami andika
Rukun Islam kang lelima

AMIN AMIN AMIN AMIN
YA ALLAH ROBBAL ‘ALAMIN
MUGI PADUKA NGABULNA
SADAYA PANYUWUN KULA

TOMBO ATI
Tombo ati iku lima ing wernane
Ingkang dhihin maca Qur’an sak maknane
Ping pindhone sholat wengi lakonana
Ping telune dzikir wengi ingkang suwe
Kaping pate wetengira ingkang luwe
Ping limane wong kang sholeh kumpulana
Sapa wonge padha bisa anglakoni
Insya Allah Gusti Allah nyembadani

Followers

Lorem ipsum dolor

Blog Archive